Corona Mewabah, Jamu Laris Manis
  • 4 tahun yang lalu
KUDUS, KOMPAS.TV - Koyok ngene kondisi warung jamu pak Atut sak ben dinone. Panuku terus teko kanggo tuku wedang seng kawet mbiyen dipercoyo iso ningkatke daya tahan awak. Tuku jamu siap ngombe, dadi salah siji pilihan praktis mergo orak kabeh wong iso nduwe wektu kanggo ngracik dewe. Jamu pak Atut iki nggunakke ramuan bahan tradisional, koyok jahe, kunir, temulawak, kapulogo, sere lan bahan - bahan seng berkhasiat liyone. Seng paling laris ing kedai iki yoiku seng ono kandungan alamine yoiku empon - empon. Kanggo bahan baku pak Atut mileh dewe. Racikan Jamu gaweanne diolah dewe ing dapurre. Pak Atut ngaku kawet merebak e virus corona omset pangadolan jamune ningkat nganthi 50 persen. Jamu ing kedai iki didol murah. Sak porsi jamu iki didol mulai seko rego 4 ewu nganthi 9 ewu rupiah.

#JamuTradisonal #EmponEmpon #Kudus