Ing adheme hawa Walanda Sira panggah netepi setya Nyawiji ing ngilmu Ngugemi ing laku Nyerat ing saben-saben wektu
Nalika ati krasa krungu swara jerite sedulur Ing lemah Pertiwi Sira gumregah greget Bali ing desa mijilmu Nuswantara
Suwardi suryaningrat Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara Putra kraton sugih bandha brana Milih dadi satriya lelana Manunggal sajroning rakyat jelata Gugur dadi pahlawan Negara Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa
--------- "Ibu" Karya: Yossanti
Tresna asih ibu Ora ana kang bisa ngganteke Kesabaran ibu kang kebak wutuh Ora bisa daklaleke
Do’a ibu kang tulus tansah ngiringi awakku pengorbanane kang tanpa wates ora bisa winales
Ibu . . . pituturmu bakal dakrungu tresna asihmu marang aku ora bakal puput Pandongaku ibu… Muga Gusti tansah nyembadani
Jadilah yang pertama berkomentar